Atur-atur Pemberangkatan Jenazah





Ikilah Atur-Atur
Pemberangkatan Jenazah


Atur-atur iki di aturne Modin, nalikane jenazah arep di berangkatake lan posisi wes sak njabane omah, prayogane di aturne kanti banter lan cepet (age-age).


اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللّٰهِ وَبَرَكَاتُهُ

اِنَّالِلّٰهِ وَاِنَّااِلَيْهِ رَاجِعُوْنَ ۞ ... {٣x}


"Dumateng poro bapak poro ibu Soho poro konco-konco sedoyo, meniko jenazah bade kito berangkataken, nanging sak derengipon, minangkani perwakilan saking keluarga almarhum/almarhumah, kaparengo kulo matur tigang perkawis mawon nggeh...?

"Ingkang pertama, keluarga ngaturaken "Alhamdulillahirobil 'alamin" Sarto agunging panuwun atas rawuh panjenengan sedoyo ngaturaken penghormatan terakhir dumateng almarhum, Mugi-mugi ta'ziyah kulo lan panjenengan sedoyo dipon trimo, dipon catet lan dipon tetepaken sebagai amalan sholihan maqbulan amin allahuma amin...!

"Kaping kalihipon, keluargo ngaturaken mbok bilih, sak dangunipon ... (mbah/bpk/ibu)... Gesang lan serawung kalian panjenengan sedoyo, menawi anggadahi kalepatan-kalepatan, baik kalepatan ingkang mungkin dipon sejo utawi mboten, kalepatan ingkang berat atawi ringan, wekdal meniko Keluargo nyuwunaken agunging pangapunten dumateng panjenengan sedoyo ,nggeh...!

"Wondene mengenai hak adami, ingkang termasuk akad utang piutang, menawi almarhum anggadahi dumateng panjenengan, keluarga mawantu-wantu nyuwun keikhlasan panjenengan sedoyo nggeh. Lan mbok bilih dirasa berat ngikhlasaken, penjelasan saged langsung berhubungan kalian ahli waris ipon, ngoten nggeh...!

"Kaping tiganipon, Kulo bade nyuwon kesaksian panjenengan sedoyo, mbok bilih... (mbah/bpk/ibu)... Sak sumerap lan berdasarkan keyakinan panjenengan sedoyo, ... (mbah/bpk/ibu)... meniko termasuk tiyang sae nopo awon,.. tiyang awon nopo sae,.. termasuk tiyang Islam nopo sanes..?

"Alhamdulillahirobil 'alamin, mugi-mugi sesuai kesaksian kulo lan panjenengan sedoyo ... (mbah/bpk/ibu)... kapundut wangsul sowan wonten ngarsanipon Allah SWT meniko kanti netepi kesaenan, sahinggo insyaallah Husnul khatimah, amin ya rabbal alamin...

"Sumonggo pemberangkatan meniko kito wasilahi Kanti waosan surotul Fatihah kaping sepindah, mugi-mugi samudayanipin dipon paringi kawilujengan, lancar mboten wonten alangan menopo-menopo, Al-fatihah... Maturnuwun

"Sak meniko sumonggo jenazah kito berangkataken Kanti iringan sholawat, "Allahuma shollu ala Muhammad"....

(Terus berangkat..!)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Formulir Kontak

Nama

Email *

Pesan *

Cari Blog Ini